Upacara Adat Panggih Penganten Kacar-kucur




UPACARA ADAT PANGGIH PENGANTEN
“KACAR-KUCUR”

Salah satunggaling rangkean upacara adat panggih penganten inggih menika kacar-kucur. Kacar-kucur menika upacara ingkang isinipun penganten kakung ngesok klasa bangka ingkang isisnipun beras kuning, wiji-wijian, kacang-kacangan, lan arta receh. Lajeng isi keba wau dipun suntak wonten kain sidur ingkang dipun pangku dening penganten putri. Saksampunipun dipunsuntak kain sidur menika wau dipuntali lan dipunpasrahaken dhateng ibu penganten putri.
Makna saking isi keba wau inggih menika: beras kuning ingakng tegesipun kangge nyiptakaken keluarga perlu wonten jaminan kebutuhan pokok arupi beras. Beras dipuncampur kunir supados sae dipunpersani lan kunir minangka bumbu ingkang maknanipun manungsa mesthi pikantuk ujian utawi “bumbu kehidupan”. Arta  inggih menika alat kangge nyekapi kabetahan.
 Upacara kacar-kucur menika pralambang penganten kakung gadhah tanggung jawab nafkah marang garwanipun, lan penganten putri gadhah kewajiban nyekapaken nafkah supados murakabi sedayanipun sarta penganten putri kedah pinter anggenipun njaga nafkah saking garwa lan dipunagem kanthi sak saenipun.
Babagan punika sampun dipun jelasaken wonten Q.S. An-Nisa ayat 34 ingkang artinipun: “Kabeh wong lanang iku wajibe dadi pengayon tumrap wong wadon, jalaran Allah wus ngutamakake wong lanang ngungkuli wong wadon, lan sebab priya iku wus aweh nafkah saka bandhane. Dene wanita kang saleh yaiku wanita kang bekti ing guru laki, sarta kang rumeksa ing wewadi kalawan pangreksane Allah. Ana dene wanita kang sira kuwatirake manawa tumindak mbladhak ala, anglalekake kuwajiban, mangka pitutura kang becik marang dheweke, dene manawa wangkal, nuri sira misaha saka paturone, yen meksa isih tetep wangkale, gebugen dheweke wus manut miturut marang sira, mangka sira aja golek dhadhakan gawe ngrekasa, sanyata Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung.”
Saking ayat menika sampun cetha bilih garwa kakung lan putri kagungan tanggung jawab ingkang ageng dhumateng garwanipun. Lan tanggung jawab punika wau sampun dipungambaraken wonten upacara adat kacar-kucur. Kanthi upacara adat kacar-kucur menika dipun suwun bilih ing saklajengipun garwa kakung lan putri saged nglampahi pagesangan kanthi ayem tentrem trep kaliyan tanggung jawabipun piyambak-piyambak.
Ananging wonten jaman sakmenika mboten sekedhik garwa kakung ingkang mboten tanggung jawab marang garwanipun. Garwa kakung milih gesang piyambak ninggalaken garwanipun kangge kesenenganipun piyambak. Garwa putri dipuntinggalaken lan mboten dipun nafkahi. Garwa putri kedah pados nafkah piyambak kangge keluarganipun. Kawontenan menika cetha mboten trep kaliyan makna lan tujuan saking upacara adat kacar-kucur.
Kawontenan wonten jaman sakmenika saged kadadosan amargi sakmenika sampun kathah ingkang ninggalaken upacara adat penganten sahingga mboten ngresepi menapa kemawon ingkang dados tanggung jawabipun minangka garwa. Ananging taksih kathah piyantun ingkang nglestantunanken upacara adat penganten punika. Tuladhanipun bapak presiden Jokowi nalika mantu putrinipun taksih nglampahi upacara adat kacar-kucur. Saking punika saged kita pendhet maknanipun bilih presiden kemawon mboten sungkan nglampahi upacara adat menapa malih kita sedaya, ugi kedah ndherek nglestantunaken budaya menika.  
Mangga kita lestantunaken upacara adat penganten menika, mugi-mugi kabudayan jawi tetep lestari lan njalari pagesangan ingkang ayem tentrem sedayanipun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Crita Wayang Bharatayudha Duryudana Gugur

Sesorah Basa Jawi Dhaharan Tradisional lan Dhaharan Modern